Dino Riyoyo Ora Mung Upacara
Sedino sak durung e dino riyoyo puniko, kabeh umat islam diwajibake nindakne kewajiban yaiku nindakne Zakat. Zakat iku tujuane kanggo ngresiki awak soko regeting dunyo lan regeting jiwo kang isine kaluputan.
Saben wong zakat 2.5 kg uwos utowo panganan pokok koyoto beras, gandum lan sapanunggalane. Sawise kui didongani lan diterke menyang omah-omah kang berhak narimo zakat yaitu fakir lan miskin.
Takbiran diunekne sewengi utuh lan diiringi petukan bedug kanti gelegar, damai, lan semarak. Takbir diucapke kanti ikhlas tekan dumuguning manah.
Mugi-mugi ing dino riyoyo iki, kulo lan sampean sedaya dipun pangarapurani deneng Gusti Kang Maha Kawoso lan dipun cedakne ngersaning Gusti. Amiin.
Dino riyoyo ora mung kanggo acara lan upacara kanggo jaluk sepuro tok, ugi bisa dadi dalan kanggo mbukak ati, mbukak pangapuro, lan buka persaudaraan.
Ojo sampek dino riyoyo kok gur pamer foto nek tabiran, main hape terus, nganti lali omong-omongan. Padalah esensi ne yo ben kenal dulur-dulur lan nyambung silaturahmi ingkang nyoto ora maya ing sosial media.
Minal Aidin wal Faizin mohon maaf lahir batin.
Post a comment for "Dino Riyoyo Ora Mung Upacara"